Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Uga kepéngin ngrungokaké gepuyonan pari kena
Ana ing sajeroning gara-para
Lan geguyonan dening para punakawan
Yaiku Rama Semar, Gareng, Pethruk, lan Bagong

Ing sisih liya
Aku ndheleng wewangunan
Ing kawasan kutha kuna
Kang wus ora asri disawang
Genéya ora ana krenteg
Saka pamarintah lan instansi
Sing gatékaké wurih lestari
Padahal yén ditata lan dipaési
Bisa bakal dadi sumbering dévisa
Saka para wisatawan manca lan doméstik
Pancén wus ana kang miwiti
Ananging durung katon gumregah temenan
Payu dulurku ana ing Semarang
Pamarintah lan instansi
Padha cancut taliwandha
Wurih lestariné sejarah kutha Semarang
Kang banget kita tresnani.


82. Panggurti: Zahrotu Mukminati, S.H. 60000532

Jawa Tengah Kinasih Ati

Mésemu, marakaké ku kesengsem
Miwah bungah jeroning sukma
Tak ijo royo royo
Pisan engkas, panyuwunku mugia sageta...sumancar!
Tansah kasembadan, apa sing tok karepaké, cah ayu!

Tur .....

59