Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Ana tlatah Jawa Tengah iki
Tlatah kang ngugemi budaya Jawa

Budaya warisan leluhur kang adiluhung
Akéh upaya kang ditindakaké kanggo nguri-uri budaya
Kebak papan kang bisa kanggo sarana
Nyuntakaké rasa tresna mring budaya Jawa

Abot sanggaku yén uwal saka tlatah iki
Awit saka isih bocah durung ngerti apa-apa
Nganti saiki kang kebak dosa
Kabéh lakuku ing tlatah iki

Ayo padha ngupaya kabéh warga
Dadékaké Jawa Tengah iki
Tansah dadi punjering kawigatosan
Bab-bab kang saé gumregahaké jaman


81. panggurit: Inta Cahya Diani 00001053

Kutha Lama

Ngesti pandhawa
Sriwanita
Aku mung krungu caritamu
Saka simbah kakung
Aku dadi kepéngin
Negrungokaké swarani gangsa
Lan tetidhungan
Kang saiki mung bisa dakwaca
Saka buku-buku ing perpustakaan
Amarga aku bener-bener kepéngin krungu critamu
Ing babagan ramayana lan bharatayudha

58