Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Sapa ngerti
 Yen ing jaman saiki akeh panguasa
 Lan manungsa memungsuhan karo
 Kang Maha Wilasa
 Laire katone suci nanging batine ala

Iku sapa?? Sapa...??
Kowé..kowé para manungsa
Menus-menus kang kebak dosa
Lan dusta..

 Apa bisa kahanan iki owah
 Kang ora lumrah bisa dadi pitedah
 Ora mung dadi pangebaking bumi
 Kang sarwa nyilakani
 Ananging bisa dadi gegaran
 Uga pandongan
 Negraup apa bae kang mulya
 Sarwa ngundhuh matu pinastika


61. Panggurit: Faris Febri U. 00001028

Lumakuning Diri

Alon-alon sikil iki tumapak ing lemah
Mlaku, mlaku lan terus mlaku
Mandengi endahing kahanan
Kairing titi laras kang bisa nglimpe cuwaning ati
Sewu tlatah bebasan wes tak liwati
Nanging...
Mung siji sing mandheg, sing mendhep ing sajroning menahku
Ya iki, datah iki, Jawi Tengah
Tlatah wutahing getihku

46