Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Budayane, andhap asore tansah nyengsemake
Matur nuwun Gusti, dalem bombong dados wargi Jawi Tengah
Mugi panjenengan paring gemah ripah loh jinawi
Mring tanah klairipun dalem punika
Jawi Tengah...


62. Panggurit: Leonardus Risky A. 00001027

Jawa Tengahku

Jateng..
Iki singkatane
Akeh wong ngundang iku
Endah, iku katane

 Akeh wit-witan
 Akeh kutha endah ing ngendi-endi
 Akeh ciri sing ana
 Saka saben suku sing ana

Akeh wong metu
Mesti pada balik
Mung kanggo Jawa Tengahku
Panggonan wong balik

 Balik lunga Jawa Tengahku
 Jawa Tengahku endah
 Jawa Tengahku tresna

47