Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


59. Panggurit: Muh. Mabruri 00001031

Budaya Jawa

Sliramu raganing ati
Cumawis tandang gawé
Siaga sawektu-wektu
Ing panggonan rumaos cepet
Ijen di sawang,,

Katon kelingan ing njero ati
Nduweni rasa setia ing pati
Wong kanh nduweni adi luhur
Becike titi wanci samubarang
Lejaku ingkang andhap asor

Setia marang kahanan
Setia marang budaya
Kumantil ing rego sajining diri
Mawa bekal ilang tekaning pati...


60. Panggurit: Enis Septiani 06001033

Ladak Kecangklak

Dina wingi dina kang akeh dusta
Dina iki dina kang kebak murka
Dina sesuk apa isih ana kang ala?
Mesthi..mesthi wae bakal tetep ana

 Pandengan karo srengengé
 Pandhitane antake

Sapa.....

45