Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Nanging wong jawa ra jawani
Ora dijaga
Saya suwe saya ilang
Aku mung isa dedonga marang Gusti Akarya Jagad
Pasuryan budaya Jawa aja nganti ilang
Ojo nganti musna ojo nganti muspra
Duh Gusti paringana eling
Muga-muga kabudayan Jawa aja nganti ilang
Budaya..budaya..budaya
Budaya Jawa



45. Panggurit: Martha Finda A. 00001116

Endahing Budaya Jawa

Angin sumilir, asrep awak ili
Lintang-lintang pada gumebyar nuhoni jagad
Duh Gusti... matur nuwun marang sak kabehe
Tentrem ati iki nak ngerti endahing jagad
Ning..nang..ning..gung
Swara piranti gamelan
Sapa?? Wong endi??
Simbah..simbah...jebule simbah

Bungah ati iki duweni budaya Jawa
Banjur, ayo para muda
Pada dijaga budaya iki
Budaya kang diwarisake simbah
Kanggo anak putu ing dina esuk

36