Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

46. Panggurit: Rudiyanto 00001115

Jawi Tengah

Asem arang-arang
Yaiku pawitane Jawa Tengah misuwur
Dadi kembang lambe kabudayane ing nuswantara lan manca
Gusti tanah Jawi...
Nyambadani apa kang dadi pangimpenku
Provinsi panjang punjung pasir wukir loh jinawi
Gemah ripah karta raharjo
Saiki wes nyata
Ki Ageng Pandanaran mesem
Nyawang Jawi Tengah kang murakabi
Eseme Ki Ageng tansaya manis
Yen manungsa-manungsa Jawi Tengah
Tansah tresna marang papan dununge
Aku tresna Jawa Tengah
lya papanku lair lan papanku mati
Jawi Tengah...
Jawi Tengah..
Jawi Tengah..
Aku tresna Jawi Tengah



47. Panggurit: Ruswitasari 00001113

Tresnaku

Bungah-bungahing rasa
Rasa-rasane tresna
Tresna-tresnaning ati
Tresnaku..

Jejeg....

37