Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Omongmu arep naklukna
Dunia iki
Saiki ubahono negaramu
Karo tanah air iki



43. Panggurit: Eka Wardani 00001125

Kuthaku

Sumilir angin ing wanci sore
Ngelingke aku marang kuthaku
Kutha kang asri
Kutha kang lestari

Kutha kang duweni kebudayaan
Bisa numbuhake pemuda
Lan pemudi ingkang tangguh

Kuthaku kang duweni kebudayaan kathah
Ing tanah Jawi
Budaya ingkang tansah kita uri-uri
Tresnaku marang tanah Jawi ora iso di gambarake
Tresnaku bakal kekal selawase



44. Panggurit: Miftachussurur 00001122

Kabudayanku

Kabudayanmu ing Jawa Tengah maneka warna
Ora gur siji nanging akeh

Nanging ....

35