Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Gawé ayeme ati para sesama
Ngalangi bencana ulahe manungsa

Saiki ilang, mbuh ilang digawa abluk
Mbuh ilang pada ambruk
Borobudur ketutup awu
Uga alas dadi awu

Aku kangen, kangen seger, kangen banyu
Aku kangen Jawa Tengah asri
Jaga aku, antenga tanganmu



31. Panggurit: Nita Hidayati 00001139

Basa Ingkang Ditresnani

Basa Jawi basa ibu
Ingkang yuswanipun sampun sewu taun
Basa Jawi basa ingkang tiyang jawi ngantos tiyang manca
Ugi kula tresna kaliyan basa Jawi
Basa inggil, alus, lan tata
Bapa biyung matur suwun sampun nglairke kula ing tanah Jawi
Ingkang nglairke basa Jawi menika



32. Panggurit: Setia Naka A. 00001138

Pahlawan lan Kapal Perang

Pahlawan yaiku kelapa kang tibo menduwur
Ngadep Gusti marang kangen kang luhur

Kajaba....

27