Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Kajaba maneh, manungsa mlebu mbukak lawang
Ing dhuwur lemah
Nalika gunung-gunung nguda kasih marang
Kutha-kutha kang impen-impen
Minuju kapal-kapal perang ing impen-impen omahmu
Banjur kita mbukak lawang sak lanjute
Timuju gerilya kang metu saka gunung-gunung
Kang nguda kasih marang kutha-kutha mau

Lan omahku seprene kawujud perang lan nafsu
Anggoné nggolek ngelmu kang iso ngunggahke
Nganti langit sapitu
Tinuju Gusti, kutha-kutha kang durung mati
Lan riwayat-riwayat urip anak lan putu


33. Panggurit: Pandu Giwangkara 00001136


Swaraning Jawa Tengah

Swaraning ombak sing gumlegar
Kaya mbelah buwana kang isih seger
Netraning srengené kang mawa pratawa
Mratandhake keagunganing sing kuasa

Bumi sing tak idak
Sing subur lan kebak pengarep-arep
Nduweni rasa kanh bakal tak sigrak
Dadi Siti sing nuwuhake rasa kekarep

Jawa Tengah...
Daerah sing sumringah
Dadi suryaning para pengagah
Di dapuk adi bumine para umat sing kepradah

28