Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Aku dadi Gubernur Jawa Tengah
Syukur-syukur dadi presiden
Wujude tresnaku marang bumiku
Kepengin tak tata Jawa Tengahku

Ora ana rob
Ora ana kere
Ora ana murid tawuran
Ora ana ana gelandangan
Ora ana banjir
Ora ana korupsi

Lha sing ana apa??
Sing ana ya mung tenang
Ayem tentrem karto raharjo
Pemimpin lan rakyate sing sarwa cukup
Rukun, kompak, bantu binantu
Welas asih andhap asor
Mujudake rasa tresnane maring bumi
Ora mung mikirke senenge dewe-dewe

Muga-muga Gusti kang Agung
Ngijabahi pandonga kita
Dadio Jawa Tengah bumi endah tumata
Sing tansah ditresna sak kabehe kawulo


30. Panggurit: Lanatul Latif 00000449

Pasuryan Jawa Tengah

Mbiyen,
Pasuryanmu ijo seger disawang mata
Gawé bungahing ati para manungsa

26