Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Tak ijo royo-reyo
Tak sengguh penganten anyar
Oo Serayu-Bengawan Solo
Oo..Kedu-Karanganyar
Urip kang dawa
Urip kang jumembar
Raga raganing rekasa
Tentreme dada gilar-gilar
Gumebyar

Cah angon cah angon
Penekno blimbing kuwi
Ing kene anggonku manggon
Nandur kowéruh ajine Gusti siji


29. Panggurit: Kukuh Satrio 00000103

Pangarepanku

Nalika tak sawang Jawa Tengahku
Kelap-kelip lampune wayah wengi
Lintang gumebyak ngebaki langit
Katon endah, apik, asri, padang gebyak-gebyak
Ayem, tentrem, adem
Nukulke tresna kang gedhé
Jrening atiku
Jroning sukmaku
Koyo dhuwure gegayuhanku

Pengine atiku
Saumpamane wes gedhé mengko

Aku ....

25