Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Gedhé banget
Ora bisa tak kira-kira nganggo tetembungan
Kuthaku Jawa Tengahku
Nadyan kalebu kutha kang ngrembaka
Ananging masyarakate tetep padha nyengkuyung
Supaya kutha iki bisa dadi kutha kang maju
Gemah ripah loh jinawi
Maju ana ing kabeh aspek
Tur bisa dadi kutha kang nengsemake
Marang sapa wae sing krungu kutha iki
Kuthaku Jawa Tengahku
Jembare segara
Jembare langit lan bumi iki
Ora bisa ngaling-alingi
Anggonku tresna marang kutha iki
Mula ayo bebarengan
Mbangun kutha Jawa Tengah iki


28. Panggurit: Yuswinardi 00000104

Variasi Ilir-ilir

Lir-ilir
Tandure wis sumilir
Rengeng-rengeng suara banyu kumintir
Silir-silir arupa dzikir
Getih balung ngadeke takdir
Ing bumi kene anggonku lair
Nyusu mbrangkang tekane pinggir
Maca rasa olahe pikir
Katresnan gumebyar padhange senthir
Oo bumi pengipen nglilir
Jroning dada kadangir-dangir
Setia tuhu anggonku syiir silir

24