Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

26. Panggurit: Ahmad Jami'ul A. 00000367

Surakarta

Sepisan anggonku ngancik kuthamu
Tumancep niyat kang pinasthi
Tansah cumondhong jroning ati
Surakarta..
Daksawang minangka panendaning cita
Tulusing ati niat kang suci
Anggonku sinau kabudayan
Neudi kamulyan karaharjan

Surakarta
Kutha budaya anggoné para sujana sinau
Keraton Solo, Sriwedari
Aku pengin sinau..

lya saiki aku ya wis entuk
Surakarta..
Entuk panendaning ati
Mugi tansah madhep
Maring ati
Surakarta
Aku tresna maring sliramu


27. Panggurit: Frency Kartika S. 00000118

Tresnaku Jawa Tengah

Tresnaku marang kutha iki
Kutha Jawa Tengah

Gedhé.....

23