Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU JAWA TENGAH

25. Panggurit: Haniek Himatul Hanifah 00000007

Kebogiro

Rengeng-rengeng kanthi alon
Bebarengan,
Karo tabuh gamelan ingkang kanthi sayup-sayup
Nentremake,
Ati ngendi, sing mboten tresna
Banjur sami ngobati awake
Nderek mawon...
Sak antoro...
Mlampah,
Tiyang istri lan jaler
Sami ngumbar eseman
Katon bungah sanget
Amargo,
Engkang dinten nuki mempelai
Kebogiro...
Dados, pertondo
Menawi kita sedaya
Dipun bukaaken lawang, kangge
Ndamel setunggal keluarga
Engkang dipun uri-uri kanthi sae
Tugasipun pranatacara
Kangge ndereaken, acaranipun
Maringi pengawalan
Tekan, pamungkasan
Kebogiro,
Tanda khusus
Budaya Jawa
Ingkang mboten pejah
Tekanipun bibak manungsa ing donya

22