Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Seratan wonten kain, naminipun batik
Daharan saking rebung, julukane lunpia
Klentheng agung kang megah, naminipun Sam Phoo Kong
Sedaya wonten Jawi Tengah, utamanipun Semarang

Satunggal saking pitung kaajaiban ing donya
Wonten Borobudur dateng Magelang
Jawi Tengah kanthi remen
Jawi Tengah kowéntar dumugi mancanegara

Lajeng, kenging menopo tiyang Jawi piyambak mboten purun
Ndandhani jati dirine??
Dewe minongko tiyang Jawi
kedah darbani rumangsa handarbeni marang Jawi Tengah
kulo bungah dados tiyang Jawi Tengah



22. Panggurit: Tukijo 00000017

Elinga Papan Iki

Nadyan kahanan owah gingsir
Ati lan katresnan aja keli
Tresna mring papan kebak gegayuhan

Yen kadulu,
Ana wukir kang jejer rinaket
Kairing gendhing-gendining kaprungu

Papan iki, dudu pabaratan kebak kapitunan
Elinga, nalika lamat slendro lan pelog
Dadi lelagon padinan
Elinga, Borobudur kang misuwur
Dadi piwéling aluhur

Papan iki, ....

19