Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU JAWA TENGAH

Papan iki, katon gumelar gilar-gilar
Tinaket jaladri wening ati

Jawa Tengah kang satemah gemah ripah
Negolah sawah tuwuh gabah
Nanging rega aja sakwiyah-wiyah

Jawa Tengah iku kasuwargan,
Kebak ing pangarep-arep
Satengahing wana, satengahing bawana
Tan kendhat atur pandonga
Sajroning kalbu bakal luhur



23. Panggurit: Lusiana 00000011

Ingsun Ngapak Tresna Jawa Tengah

Jawa Tengah tresnaku
Jawa Tengah pepujanku
Aku mijil nang lemahmu
Aku cilik neng desa alitmu
Aku playon lan dolanan muter daerahmu
Lan aku dewasa ngulandara
Nyoba nglanglang pusat atimu
Perkawis ajriheng ati
Ora bisa uwal
Ngeplekake nggegulangku
Ingkang morwat
Awaku ringkih, sikilku ndredeg
Nanging aku kudu mlaku
Mlaka mangajeng majeng ngajeng
Lastantun aku weruh awakmu gerah
Gene gerahmu gene laramu
Jebul ora ana kang ngurus
Ora ana kang ngopén i
Nadyan aku wong desa

20