Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU JAWA TENGAH

20. Panggurit: Ahmad Anshori 00000024

Sindhen

Udan iki riwis-riwis nggawa angin gumanti
Sumilir ademe nalesi kutha ATLAS iki
Atiku kebak pangare-arep marang Pangeran Gusti
Muga enggal panjalukku enggal diparingi

Wengi sansaya peteng lan adem
Tumetes banyu colat-colot ana wit pelem
Mataku ngantuk ananging ra bisa merem
Ndelengi sindhen ayu kang lagi mesem

Remen wayange ya kangen sindhene
Sansaya endah nalika ditabuh gamelane
Rancake pagelaran nambahi rame
Nganti bubar pungkasan acarane

Sesuk esuk yen sang surya wis sumunar
Ngangkat kabut pedut embun kang ambyar
Tak tunggu tekamu nganti entuk kabar
Punggawa bapak dhalang kang saka Karanganyar


27. Panggurit: Thesalonika Olga V.B. 00000023

Tresnaning Nagari

Nagari kadonyan sedaya
Kabudayan Jawi kang elok bebrayan
Sedaya ingkang wonten ing ngajeng panjenengan meniko
Sedaya niki kagunganing Jawi Tengah

18