Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Adiluhung, adi guna, ngrembaka kanthi tumata
Sanadyan jamane wis kaginsir budaya manca
Para muda-mudi teteg angrembaka budayaning jawi

Wayang, Beksa, tembang Jawa
Budayaning wong Jawa
Kang kedah ka uri-uri boten gingsir ing jaman.
Mila kita kedah tresna budaya indonesia
Budayaning wong Jawa...Tresnaning Jawa Tengah


19. Panggurit: Saiful Munir    00000026

Mulyaning Jawa Tengah

Adem sumilir hawane
Agung tur luhur budayane
Gemah ripah loh jinawi
Prasasti adern tentrem panguripe

Nyata ana ora sulaya
Buki sekti luhuring budaya
Migunani, mrasajahi tumraping urip
Ora baka! lali sliramu ing pangurip

Aja pada sulaya
Aja pada padudon
Nyatane urip kang rekasa
Lenyap, sirna anamu kang nyata

Prayoga-prayoga kang dumadi
Dumadining ppribadi kang priyayi
Luhuring budaya jo do nglegewa
Ayo padha mbangun Jawa Tengah kang mulya

17