Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Similire angin rinoso
Seger sumusup ing balung sumsum

Iki janjiku...
Prasetyaku setya tuhu
Melu mbangun ktuhaku
Kanggo ibu pertiwiku

Iki janjiku
Kanggo mbelani kuthaku
Saka akehe reridhu
Kang arep ngganggu sliramu

Jawa Tengah..
Aku tresna marang awakmu


16. Panggurit: Romdonah    00000031

Jawa Tengahku

Ja
Wa
Tengah
Jawa Tengah
Ing tengah-tengah
Antarane wetan lan kulon
Provinsi Jawa wetan lan kulon
Kang kaloko bab seni lan budaya
Kebak catetan lakuning sejarah bangsa
Lawangsewu, Borobudur utawa Keraton Solo
Getuk, Tiwul, Wayang, Jaranan, lan Gambyong
Alam kang cinepto endah, gemah ripah loh jinawi
Subur kang sarwa tinandur, pindho bantala swarga

14