Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Ing panguripan kang tansah tata tentrem karta raharjo
Mbudidaya kbabrayan kang tansah asah, asih, sarta asuh
Jawa Tengahku, Jawa Tengahmu, lan Jawa Tengahe sapa?
Jawa Tengah kang kowéntar luhur ing budaya sarta tradisi
Pandhudhuke kang andhap asor, nanging binuka ing inovasi
Kang tansah ngupaya marang kamajuaning bangsa lan nagari
Ambabar pangupa jiwa murih kagayuh kamakmuran kawula
Jawa Tengahku maju, dadiya tepa tuladha ing samubarang
Olahraga, pendidikan, pamarintahan, ilmu lan teknologi
Tulung tinulung lan ngurmati sapepada dadi sesanti
Unggah-ungguh sarta subasita tansah diugemi
Minangka warisan aji kangga para generasi
Generasi penerus bangsa ing kawuri
Jawa Tengahku, ayo tansah ngupaya
Murih karaharjan lan kamakmuran
Aja sumelang marang lelabuhanku
Linambaran rasa tresna kang sejati
Kukuh kuat ora bakal luntur lan sirna
Amarga iliring ombak era globalisasi
Kamajuan kang ora nglalekake jati diri
Tumuju wawasan identitas jawa Tengah
Jawa sisih tengah
Jawa Tengah
Jateng
Nomer
Siji


17. Panggurit: Kadwi Laras Sayekti    00000030

Drama Jawa

Jenenge pada karo jeneng satunggaling panganan
Isine ya padha werni-werni

Bedane....

15