Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Kang ditembangake bocah karo guyonan bareng-bareng ing njaba omah
Saiki tembang-tembang iku mau kalah karo tembang Iwak Peyek
Lan lagu band-band nan ing TV!!
Dolanan-dolanan Sudamanda, Dingktek Oglak-aglik, Sekinan
Kalah kara PS, I-Pad, lan game laptop


15. Panggurit: Maria Olivia Angeline    00000032

Aku Tresna Jawa Tengah

Jawa Tengah...
Ing kene aku di lairke
Ing kene aku di gedhékke
Ya ing kene uga aku kudu netepi dharma bektiku

Jawa Tengah...
Duwe kalebu kutha perjuangan
Saka kene ditabuh gendhang perang
Kanggo mbrasta sing angkara murka

Jawa Tengah..
Umurmu wes ra enom maneh
Akeh lelakon memuji kasektenmu
Nanging kowé tetep jejeg ing duwure bumi pertiwi

Wewengkonmu kang amba
Gilar-gilar disawang pandulu
ljo royo-royo ngresepake ati
Tata tentrem edi peni

Sak dawane pandulu kutu muju
Segara anglerap-lerap katon sumunar

Similire .....

13