Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Dhadamu banjur mekar prasasat mongko
Woh-weh sing kudu dah paculi, sing kudu
Dak sirami, angluwihi rikolo wingi-wingi
Aku sabaring petani kagayuh panenan
Semeleh, sajroning nresnani panas-udan
Kang diwenwehke angkasa marang
Papan panggonan

Dadi bener rumangsamu, marang donga-donga
Kang urip ing tlapak tanganku
Donga-donga kang tansah deres mili
Sak dalane kali nyumrambahi sawah
Lan dusun-dusun, selokan kampung
Uga gedung-gedung
Sing dadi bakal rejeki tan keno diganti


14. Panggurit: Imaniar Yordan Christy    00000037

Perjalanan

Kangen ngrukake tembang-tembang dolanan
Cublak-cublak Suweng, Jamuran, lan Sluku-sluku Bathok
Saiki bocah-bocah arang dolanan ing latar
Bocah-bocah padha ndomblong ing ngarep kotak-kotak lampu
Kang ono swarane; TEVE!!

Ora ana bocah kang nyanyi Padang Bulan
Wayah bulan kuning sak tampah ing duwur langit kang peteng
Ora ana ibu kang dongengi anake ning teras, bab wayang
Wayang kang duweni watak satria utama genowo !!

Kangen bocah playon kare gegojegan
Kangen karo tembang Gundhul-gundhul Pacul, Jaranan

12