Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

12. Panggurit: Masruri Wahyu F.    00000042

Jawa Tengah

Jawa Tengah...
Semarang iku kuthane
Tansah tentrem masyarakate
Cepu andalan minyake
Karimun Jawa pesona wisatane

Jawa Tengah...
Ing pas pantura wiwit Blora nganti Brebes
Wiwit alus nganti ngapak
Naning ora dadi ngapa
Kabeh mau tetep dadi wong Jawa

Jawa Tengah...
Magelang ana Borobudure
Pekalongan khas karo abtike
Wiwit lor nganti kidul
Lan kulon nganti wetan
Kuwi mau tetep Jawa Tengah
Provinsi kang tansah edi peni
Gemah ripah loh jinawi
Tata tentrem raharjo


13. Panggurit: Arif Fitrah K.   00000041

Tan Keno Diganti

Iki wiwitan, anggonku nyekseni dalan-dalan
Ninggalke tegalan, ninggalke srengengé wayah
Jam siji awan sajroning dhadamu
Kang suwi tinutup tangan

11