Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/298

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Bumimu kang subur
Woh-wohan kang tinandur mesthi subur
Mratandhani panguwasaning Gusti

Jawa Tengah... Jawa Tengah
Kabudayanmu kang kena kapetung
Wiwit sisih wetan nganti sisih kulon
Kebak kabudayan kang endah lan ngedab-edabi
Wiwit langendriyan nganti jathilan
Wiwit Masjid Agung Demak nganti Keraton Surakarta
Wiwit candhi Prambanan nganti Gedhongsanga
Minangka bukti sugihing peradhabanmu

Jawa Tengah.., Jawa Tengah
Gunung, telaga, lan samudra dadi wewengkonmu
Wiwit amung tani nganti gubernur
Ngubya-ngubya nresnani sliramu

Jawa Tengah... Jawa Tengah
Tan ana pawongan kang nora memuji marang sliramu
Tan ana kawula kang nora nresnanisliramu
Jawa Tengah... Jawa Tengah
Aku tresna sliramu


436. Panggurit: Sutapa 00000044

Tresnaku Marang Sliramu

Wiwit ing guwar garbaning ibu
Mitoni, sepasaran nyarira awakku
Jenengku Jawa, upacaraku
Ya Jawa, kabeceh Jawa

Nalika ombyaking mangsa kala
Tansah ngubya-ubya budaya manca

276