Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/297

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Wujude gegayuhan
Urip sajroning bebrayan
Sing tata tentrem nyawiji
Hing pangesti
Bedane aku lan sliramu
Satemene ana ing laku
Lan pangentha urip sing tinuju
Mangka yektiné padha
Ora pantes dadi tukar padu
Sebab urip bakal mati
Ora ana sing bisa ngoncati
Sajroning urip ana pangesti
Sing cocog karo ati sanubati
Aku kepengin nulis guritan
Sing ora adoh-adoh kaceké
Karo karsané sapa baé
Anging saiki durung
Apa mula ora bisa?
Kok sing mung rasa kuciwa


435. Panggurit: Kurnia Dwie Setia R. 00000069

Jawa Tengah

Jawa Tengah...
Wewengkonmu kaapit ing madya
Antarane Jawa Barat lan Jawa Timur
Pasuryanmu ayu kadya widadari

Jawa Tengah... Jawa Tengah
Sragen lan Brebes minangka regolmu
Bumimu kang wiyar

Bumimu....

275