Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/299

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Limasan gumanti spanyolan
Pasar gumanti hypermart
Gathutkaca malih Pinokio
Tresnaku, gregetku ora blero

Esuk mau sarapanku sega gudhang
Dudu kenthang kulité wong abang

Apa kowé isih maido
Mlakuku numpak kebe
Nyambangi bocah Landa
Mberat mrih ora bodho
Mbedakke cara apa coro
Lara apa loro??

Delengen,
Winih sing tak dhedher tuwuh
Ngrembuyung ngebaki
Sidamukti, sidaluhur kasusra saindhenging donya
Ha, ha, ca, ra sumebar bawana

Bombong rasaku
Ora muspra ngegulawenthah
Tedhak mudha gumregah
Amangun Jawa Tengah


437. Panggurit: Shofi’i 0000815

Panjangka lan Tresna Kanggo Jawa Tengah

Sliramu ayu kelawan pemingaling alam kang maeksi
Sliramu elok kelawan pambungkus budaya kang peni
Sliramu sumeh kelawan guyumu kang nengsemi

Kabeh......

277