Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/296

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


Ora bisa kapetung
Marang tlatah uripku gumantung


433. Panggurit: Yusi Nurcahya Dewi 00000106

Titi Asmara

Nagara gung sinebut para pujangga
ora liya tanah Jawa
papan para pandhita raja
uga raja utama

Sabda jinarwi lumuntur
marang putra-putri tuhu

Saisine pangajab becik
kang ngaturake sang aji
ora liya supaya ngugemi
marang apa kang wus ginelar ing tanah Jawi
dening Gusti ingkang Mahasuci

Umpama aku bara nagara manca
titi asmara ora bisa munggah liya


434. Pangeurit: Dian Fitri isdiana 00000943

Aku Kepengin Nulis Guritan

Ing sawentah kalodangan
Aku kepengin nulis guritan
Sing bisa weh gambaran

274