Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/293

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Para mudha miwah mudhi
Nyengkuyung kanthi ikhlas
Neggayuh tujuan kanthi utami
Enggal cetha lan tumata

Jawa Tengah loh jinawi
Tata tentrern lan raharja
Dadi kasunyatan sejati



429. Panggurit: Ihya’ul Afidah 00001117

Sajroning Ati Jawa Tengah

Semribit aruming kembang iki
Mekar uga mingkupé
Saben wong mesthi kesengsem
Apa maneh aku iki
Kang krasa cinaketing ati
Karo kang endah edi
Gawé katentreman emprit-emprit
Kanyata tresnaku iki marang endahmu
Marang kasajatenmu, marang kabudayanmu
Kang gumantung ing tawangku

Nganti saiki sampeyan ora owah
Tetep kaya sing biyen
Kang dadi kabanggan emprit-emprit iki
Oh...ya tetep bener sampeyan
Mugia pandongane tan nyarujuki
Merga pancen sampeyan iki
Kang paling angrembaka ana ing atiku iki

271