Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/294

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

430. Panggurit: Amelia Q. 00000827

Pancadaning Budaya Jawi

Ing tumrap tanah Jawi...
Budaya kang warna-warni
Kasarasan budaya kang endah migunani kabudayaan ing tanah iki

Jawi Tengah..
Tanahe wong Jawi
Kang endah budayané
Rahayu, arum budaya kang kagungan kaéndahan

Gamelan Jawi kang gawé ati tentrem...
Wayang Jawi kang nglambangake kasarasan manungsa..
Seni tari kang migunani kaéndahan alam tanah tumrap Jawi...

Pancadaning budaya tanah Jawi kang endah



431. Panggurit: Novita Sari 00000836

Kuthaku sing Tak Tresnani

Kutha-kutha lan kabupaten dadi siji
Pirang-pirang kabudayan sing nduweni
Papan hiburan maneka warna
Ana ing Jawa Tengah iki

Kutha Semarang ibukota provinsi
Kantor Gubernur ana ing kutha iki
Tugu Muda kanggo ngelingi pertempuran lima hari
Bangunan sejarah tansah ngeresi ati

Ayo padha nguri-uri

272