Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/292

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Bumiku kang asri
Bebrayane sarwa gemati
Gemah ripah loh jinawi
Pemudha-pemudhi padha nguri-uri

Jawa Tengah kang dadi pepujanku
Nora bisa uwal saka tuwuhku
Sarta nora bisa sina marang wektu
Kanthi pedhoting gesangku



428. Panggurit: Sutarto Dwi Sutrisno 00000114

Bumi Loh Jinawi

Semarang kutha provinsi
Jawa Tengah sanyata
Dene kang dadi pemimpin
Bapak Bibit Waluyo
Bibit unggul waluyo jati
Bali ndesa mbangun desa programé

Cetha kemajuan sami
Pembangunan wis nyata
Wiwit buruh lan petani
Apa dene wiraswasta
Nora keri mbangun koperasi

Budayane dadi siji
Gotong royong tumata
Guyub rukun kang kaésthi
Pendhidhikan wis ditata
TK terus perguruan tinggi

270