Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/291

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Lemah sing menehi aku mangan
Lemah sing gawé aku urip
Lemah sing akeh adat, rekreasi lan budaya
Lemah iki lemahku Jawa Tengah

Aku trenyuh...
Nalika ndeleng lemah Jawa Tengah
Kang endah iki
Aku ngangen-angen
Akeh adat, akeh rekreasi, akeh budaya
Sing dadi magnet kanggo negara manca

Ayo padha nyenyuwun dhateng Gusti
Mugi-mugi Jawa Tengah enggal mandhiri
Jawa Tengah bakal dadi sing nemer siji
Ya....iki Jawa Tengah kang abadi


427. Panggurit: Erawati Ayu Fatmala 0000084

Katresnanku Marang
Bumi Klairanku

Padhange bagaskara ing wanci awan
Endahing kartika nyandhing rembulan
Tansah nentremke ati kang katresnan
Tresna marang bumi klairan

Jawa Tengah kuwi provinsiku
Basa Jawa kuwi basa ibu
Bibit Waluyo iku Gubernurku
Tresnaku marang bumi klairanku

Bumiku....

269