Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/290

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

425. Panggurit: Isti Solihatun 00000424

Tresnaku Marang Jawa Tengah

Sumrebeting bayu nyikep rambutku
Daksawang, dakpandeng...
Ambane mega...
Biru...amba..jembar...

Jawa Tengah...
Tresnaku kaya dene ambane mega
Ora bisa kaétung...
Saka Blora saka Brebes
Maneka warna peranganmu
Gunung, segara, alas...
Nambah gagahing jejulukanmu
Maneka warna rupamu...
Kang tansah endah kang dipandeng
Maneka warna tradhisimu
Kang tansah isa diuri-uri

Jawa Tengah...
Sanadyan amung nang tengah
Ananging tresnaku ora amung setengah


426. Panggurit: Asef Maulud Utami 00000066

Lemahku Jawa Tengah

Aku lair ing lemah Jawa iki
Lemah sing takeman-emani
Lemah sing dadi papan panguripanku
Aja...
Aja dirusak lemah Jawa iki

268