Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/289

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Isine tresna, isine ukara
Kanggo mantepake ati
Setya kaliyan para prawira

Bibit becik ala ora ketara
Amarga kadung tresna
Ora lara ora lapa
Tetep dadi manungsa budaya

Jawi...
Tresna iki uga dadi atiku


424. Panggurit: Eni Yuliastuti 00000414

Jawa Tengahku

Jarene cacahing angka mung siji tambah sanga
Etungane abjad ya ora nate suda
Nanging kena apa bisa ditekuk lan bisa kewaca
Manut obahe ilat lan kedhepe tlapukan netra

Ing dhuwur langit lan jabanédonya
Ana Jawa Tengah kang prayoga
Jawa Tengah kang asri
Jawa Tengah kang endah

Aku ora ngerti pungkasaning Jawa iki
Dikaya tresnaku marang Jawa Tengah
Tresna kang ora ana pungkasé


267