Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/288

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


422. Panggurit: Ardhani Septina Putri 00000226

Kanthil Gading

Wengi iku sansaya anyes
Nalika aku sesingidan ing sajroning
Gendhing parianom
Sumebrak ngganda arum sekar kanthil gadhing
Binarung angin sumidit wengi iku
Amrabawani ing salebeting pasamuan

Kanthil gadhing..
Ana ngendi papanmu
Lelana tanpa brata
Tanpa pawarta tanpa suara

Apa kumanthil...?
Mring kenya sing prigel gambyong iku
Kang pinaes ganda aruming kanthil gadhing
Gandane kang bisa gawé sengsemé nala

E....kanthil gadhing
Kencana sukmamu wes njilma
Mring katresnan sajroning ati


423. Panggurit: Ima Yulia Afriyani 00000703

Layang

Layang iki dudu layang swara
Tapi bisa ngusir cilaka
Layang kanggo nekakké gembira
Ngobati kangen marang Jawa


266