Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/287

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

421. Panggurit: Riky Zakub 00000216

Sira "Jawa Tengah” Sejatiku

Sagenggem rasa...
Tansah njalari
Sarangkul tresna...
Tansah ngugemi
Kanggo tresna, tresna Tasa tresna
Kanggo rasa, rasa tresna rasa

Percaya aku, sira sejatiku
Ireng netraku, sira ayang-ayangku
Dawane rambutky, sira gelunganku
Tutuk alusku kuwi namamu

Sengkuyung rasa aku, sengkuyung tresna aku
Sira jumeneng kalbu
Sira jawa, sira krama, sira budaya
Sira Jawa Tengah
Nggeget lathi, kawuraning bumi
Jumengglung jiwa, kaédahing basundari
Esem amerak ati kaangguning jaladri
Lir raga puput yuswa...
Kanthi harsana

Jawa ... Oh Jawa
Pancen, pancen sira tan lumuntur
ing jiwa lan raga

265