Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/286

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Njoged ing gegana
Bongbong derdasih

Niya...
Niya para mudha
Delenga
Ulam ciblang-ciblung glibedan
Bocah-bocah sayuk rukun jejingklakan
Budaya kita ngrembuyung


420. Panggurit: : Indra Sari Dewi Darajati 00000615

Menyongsong Jawa Tengah

Tumekaning jaman, marang kahanan
Kabeh wis cumawis
Rinawati kanthi mrihatini adrening karsa
Lumantar kabudayan

Jejer anyar
Gagrag anyar
Titah anyar
Jagad anyar
Sarwa gumebyar
Tan ana kang samar
Tansah suminar
Magilar-gilar
Anggelar tulusing nalar

Para taruna mudha siaga ing gati
Budi pinilih luhur angarih-arih
Ngrajut songsong agunging Jawa Tengah

264