Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/285

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Mangka, mami
Manuk jalak iki
Lan wit iki bumi pertiwiku
Jawa Tengah


419. Panggurit: Millati Azka Safitri 00000151

Jawa Dudu Landa

Jateng nduwe gamelan
Landa nduwe gamelan
Jateng nduwe wayang
Landa nduwe wayang
Jateng nduwe aksara
Landa mudheng aksara
Jateng lan Landa nduwe budaya sarupa
Budaya Jateng tulen
Budaya Landa boyongan saka Jateng

Ananging,
Geneya mami mblebes mili?
Soca mami mirsani mudha mlakar
Wuta lan sempoyongan
Ngangsu budaya marang Landa

Balia Nang... balia Ndhuk...
Kemutan ora wekas mami?
Budaya Jawa budaya sejati
Wus pepancenipun

Durung kasep anggonmu gela
Swiwi iku taksih bisa mabur

Njoged....

263