Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/284

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Dadi songsong siyang ratriné
Dadi pakan saben dinané
Ora nate leren tuwuh wohé
Enak tan naté wurung mangsané
Gegodhongan ijo nengsemaké
Pang-pang kukuh tumpangané
Wit iki nyukupi kabeh kabutuhané

Tanpa dinyana
Panah ngandhut upas pati
Mlesat tumancep ing wit iki
Upasé mrambat nggrayangi
Wit iki wis nyedhaki pati

Gegodhongan ijo royo-royo wiwit loyo
Pang-pang kukuh wis ora saguh
Woh-wohan wis leren tuwuh

Siji-siji manuk minger ngungkuri
Wit lara iki
Ngluru godhong liya sing luwih ijo
Ngluru pang liya sing bisa nopang
Ngluru tetuwuhan liya kanggo nyambung nyawa

Si jalak tansah setya ngabekti

Marang ....


Marang wit sing nate nguripi
Si Jalak tansaya kuru ginrogoti
Wulu klimis ranta ngiringi gogroging ron wit iki
“luwih becik aku mati
Tinimbang mungkur saka wit iki”

Laku prihatin si jalak tansah nunjem batin iki
Dedonga rina lan wengi
Kanggo warase wit iki

262