Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/283

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

417. Panggurit: Zahrotul Mafazah 00000153

Aku Tresna Jawa Tengah

Wis pancen gagah
Samubarang budayamu
Wiwit saka omah
Nganti tekan ngendi-endi
Aku tresna lan setya karo kowé
Amargi kasugihan kawruhmu

Maneka warna budaya kok duweni
Wiwit saka kutha ing sisih kulon
Wetan, kidul, lan lor

Jawa Tengah...
Wis kuncara ing saubenging nusantara
Kabeh wong padha teka nyatakaké
Nganti wong bulé padha nggayuh lan sinau
ing kéné
Sugih pratandha
Jawa Tengah wis tumanja



418. Panggurit: Shofa Musolia 00000150

Manuk Jalak lan Wit

Ing pucuking wit rungkut
Endhog netes dadi manuk jalak

Wit iki dadi omahé
Manuk jalak lan kancané ewon cacahé

Dadi ....

261