Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

miyak wit-witan lan gegrumbulan
katon gedhé lan trintim

Lara kang dakrasa
obat bius, pati rasa
dadi barang kang langka

Telu, loro, siji
pak tupak-tupak
swara wong mlaku
lamat-lamat
kaya wong mlayu

Gumregah ati iki
pengin nututi
tak oyak
kudu katut, kudu éntuk
gayuh sunar abang
pucuking gunung



7. Panggurit: L. Yuyun Dian Susanti   000000101

Mandhala Kaloka

Laku kandheg...
samar-samar kaya katon sumunar
klilap tlatah reja
sansaya cedhak gumebyaré bawana cetha
budaya édipéni luhur budi
Mandhala

Laku kandheg.....
sindhung layung-layung nuwuhaké tentrem
langit kadya nganggit rasa adhem ayem
bungah ing manah

6