Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

sitoresmi katon sumringah padhang makantar
Kaloka

Laku kandheg....
ati mélu karanta-ranta
getih lunjak-lunjak
dhadha mbulat-mbulat
nalikowéruh laku urip mau roga
jangkahé ancas manéka warna
jangkah kapisan nyandhung watu
banjur mlumpat keplését wedhi
ngingser sithik wesi watangan pating sliri
uwis aja diterusaké
Kabéh mau bisa gawé bubrah sakabéhané

watu lan wedhi yén nyawiji bisa dadi kukuhing pratiwi
wesi watangan bakal mbopong monceraké tlatah Jawi

Lumantar sanak kadang
para pangemban pangembating praja
Saindenging mandhala kaloka mliginé Jawa Tengah
Bebarengan ambyur nyawiji
Sinengkuyung handarbéni
Bebarengan ngraketaké jiwa
Sedya kukuh nguri-uri
Jejeg tanpa kandheg ndadékaké kutha katresnan iki
Mandala Kaloka
Gemah ripah loh jinawi



8. Panggurit: Ani Lufi Ningrum   00000051

Tanah Jawiku

Sajroning kulo ningali
Sangking dateng puniki

ingkang ....

7