Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Padhang bulan padhangé kaya rina
Rembulané sing awé-awé
Negélingaké aja padha turu soré

Tholé....tholé....tholé......
Dolana,
Gemboran kana ana njaba
Merga iki tlatah Jawa
Tlatah Jawa Tengah
Tlatahé atma ruju kang sring dolan
Trepé congklak dakonan
Ingklik lan rerambatan

“He, Mrénéalé, simbah ajari ula-ula mandé”

Tholé...tholé....cholé....
Lelaku playonmu mungkari suwengi
Amarga undakan papan rambatan saésok dianciki pabriké wong manca
Ginanti tholé bakal bal-balan ana ngarepé tipi

Tholé...... tholé......tholé......
Dolana,
Gemboran kana ana njaba
Merga iki Tlatah Jawa
Tlatah Jawa Tengah
Tlatahé atma ruju kang sring dolan



6. Panggurit: Nike Noviasari   000000468

Telu, Loro, Siji

Telu, loro, siji
dakitung mundur lakuku

miyak....

5