Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/277

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Aku wis miwiti rasa tresna kang ngedab-edabi
Kabudayan kang ora mesthi ana ing njaba
Ana bathik, ana ringgit, ana gambyong
Sapa maneh sing duwe saliyané wong Jawa?
Sapa sing bakal ngrembakaké yen dudu wong Jawa?



408. Panggurit: Nelly Ardhila P. 00000954

Tresna Marang Bumi Jawa Tengah

Katresnaning ati marang budaya
Uga aja ditinggalna
Kita wong Jawa kudu nguri-uri budayané
Jawa Tengah iku akeh inspirasiné
Mula iku manungsa kang sengsama
Ayo padha semangata

Swarane gamelan énak dirungokné
Tabuhané marakké gregel nang ati
Uga budayané kudu disebarna
Generasi penerus kang marai

Kaéndahaning bumi tlatah Jawa
Kaya kaéndahaning manungsa
Tumindak ing kudu diingeti
Tuturan tembang kudu diapiki

Semangata marang budaya Jawa
Uga semangat dadi wong Jawa

255