Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/276

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

406. Panggurit: Zuyyina Anastasia 00000956

Jawa Tengahku

Semarang ibukota Jawa Tengah
Kotane resik katata apik
Jawa Tengah oh Jawa Tengah
Buyutku wong Jawa Tengah
Mbahku wong Jawa Tengah
Bapakku wong Jawa Tengah
Ibuku wong Jawa Tengah
Keluargaku kabeh wong Jawa Tengah

Lan Insyallah calon bojoku
Wong Jawa Tengah
I love Jawa Tengah
Aku cinta Jawa Tengah
Aku tresna Jawa Tengah



407. Panggurit: Lisnenti B. 00000955

Jawa Tengah Duweke Sapa?

Dina iki aku miwiti lumakuning uripku
Saka dalan kang isih wutuh
Sepisan aku jumangkah
Ana rasa kang nggrundhel ing manah
Apa iki sing diarani rasa wedi?

Sansaya suwé rasa iki bisa ewah
Aku isih duwé kapitayan
Sapa gelem tanen bakal panen
Sanajan ana krikil ing ngarep
Aja nganti sumelang

254