Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/278

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

409. Panggurit: Murtika Sari 00000953

Aku Milih Urip nang Jawa

Kebak, sumuk, sumpeg
Wong padha ngeluhake urip iki
Arep metu omah wegah
Merga hawa sing sansaya benter

Akeh wong padha pindhah
Ninggalke tanah Jawa iki
Ngarep-arep urip sing luwih makmur

Nanging,
Kuwi kabeh ora bisa ngejak atiku
Ora bisa ngajak karepku
Supaya tetep ngadeg
Urip ana ing Jawa
Jawa Tengahku



410. Panggurit: Yani Fitri Yanti 00000952

Tresna Jawa Tengah

Sinar surya ing donya iki
nggawé cerahing batin ing ati iki
kumitire angin kang salam sujud marang srengengé
lemah sing dak pidak iki dadi saksi uripku

Jawa Tengah kang dadi papan panggonanku
ngawali srengengé kang muncul ing
ngarepé mripatku ngantos pungkasaning
pesangku

256