Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/275

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Ngawé aku terus kepéngin
Ndang bali
Mulih nang ndésaku
Kang asri lan akéh geguyonan lagu dolanan
Aku wus kangen
Aku wus kepèngin dolani kancaku
Aku ngerti saiki aku wus mlaku
Ngayuh cita-citaku
Ananging aku ragu
Ragaku wus ana Jawa
Aku kangen Jawiku



405. Panggurit: Siti Khusnul Khotimah 00000957

Katresnan

Rasa tresna nang atiku
Awan tak tunggu
Wengi tak impekké
Dag, dig, dug
Atiku wektu cedhak karo kowé
Mung sampeyan sing tak tresnani
Nang pikiranku ana sampeyan
Nang atiku ana ukiran namané sampeyan
Tresnaku tambah gedhé marang sampeyan
Tresnaku isih pangantu-antu kang tetep

253