Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/274

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

402. Panggurit: Aulia Rizki Indrawan 00000183

Semarang Jawa Tengah

Sanget èndah kuthamu
Gawé mèri lirihmu
Nanging iku mbiyèn
Saiki ijjomu ilang
Rareti saiki ning endi.....



403. Panggurit: Eko Sulastri 00000188

Jawa Tengahku

Tanahku tanah Jawa
Jawa Tengah kang misuwur
Budaya ngrembaka tan ana rubéda
Kabèh iki kaparingané Gusti
Mugiya tansah lestari
Tetep jaya



404. Panggurit: Nugraheni Setyaningrum 00000109

Mlaku Tanpa Raga

Swarané gamelan
Swarané suling
Manah sira krasa kangen
Jawiku sing tak anti-anti
Saiki wus ana ing ngarepku
Luh kang tumètès ana pipi

252