Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/270

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


394. Panggurit: Giyanti 00000427

Kekarepanku

Papanmu ing pinggir segara
Gedhé jiwamu marang nagara
Cita-cita mulya
Kanggo bekti marang nagara
Padha lelayaran
Dedayangan
Saka mancanagara
Teka ing nusantara
Jasa, praja
Ora peduli angin gedhé
Ora peduli panasing srengéngé
Kekarepanku
Jenengmu saé wonten sejarah
Prasasti
Dadi seksi
Lubuhmu marang ibu pertiwi


395. Panggurit: Nevi Zahrotin Nisa 00000455

Tresnaku marang Kuthaku

Asri asrep ing manah
Kaya salju kang menganga
Nggawé lestari kaèndahaning tanah
Njumbuhaké pejuang kang gagah
Budaya kang ngambara ing jajaring kutha
 Oh......kuthaku
 Krana kaéndahanmu kang ngedap-ngendapi
 Bisa wujudaké karya seni
Karya kang bisa junjung rakyat mèri
Sliraku salut marang kagigihanmu

248