Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/269

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Jawa Tengah..........
Akèh budaya-budaya ing Jawa Tengah sing bèda-bèda
Sanadyan budayané bèda ........
Manungsa kudu tansah ora bèdaké..........
 Jawa Tengah.........
Jawa Tengah sing wis tak nggoni iki........
Wis pirang taun aku urip ning Jawa Tengah iki
Seneng lan susah tak lakoni ning Jawa Tengah iki
Tiatah Jawa Tengah sing tansah ngangeni ning ati
Akèh budaya-budaya sing tansah saé.......
Manungsané kang tansah grapyak-grapyak
iku mula dadi ciriné Jawa Tengah
Aku seneng dadi wong Jawa Tengah.


393. Panggurit: Etya Nor Nafiah 00000601

Jawi Tengah Kemlincong

Utamaning wiyar kabudayan
Jumangkah, nguri-uri budaya Jawi
Jawi Tengah
Aja léna mring obahing jaman
jaman iki wis sangsaya mbaléla
Nanging aja kegawa
Wayang, beksan, tembang, gamelan
Dadi titikan
Raket rinaket jangkep
Kuwi bandha anggodha
Jaga!
Wong manca olèh kepincut
Nanging aja nganti ngrebut

247